Minggu, 07 Januari 2018
Teks Pidato Pasrah Penganten Kakung Dalam Sebuah Acara Pernikahan.
Berikut ini adalah contoh teks pidato pasrah penganten kakung dalam sebuah acara pernikahan.
Assalamualaikum Wr.Wb
Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepadyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
Kunjuk panjenenganipun poro alim, para para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning Ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bopo Sudadi (ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati Bopo Semartho (besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putranipun calon temanten kakung kapekso namung saged hangaturaken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkang lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.
Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg Hendarto (nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu Suwarti.ingkang pidalem ing Laladan Jln. Semarang Deso Giri Winangun Rimbo Ilir Kabupaten Tebo sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr Tutiyanti (nama temanten putri), atmojo panjenenganipun Bp/ibu Harsiyem(orang tua dari temanten putri), kala wau dinte Ahad utawi Minggu Surya kaping Nenem/6 Januari 2018 ( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….mapan ing dalem Ibu Harsiyem .mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan Giri Winangun unit 15 (nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi dalemipun piyambak piyambak/oang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam, $
Wallohul Muwafiq Ila Aqwamith Tharieq
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar